Tresnaku
( Dening Muhamad Rozzaqi - )
Dudu ayu sing ana ing pasuryanmu
Dudu apa wae sing pedhes ana ing ilatmu
Nanging iku kabeh sejatine atimu
Ati sing gelem ngrasaake rasaku
Ati ingkang kaparing saking sapa sing menehi abange lombok
Dudu bola sing mbok sandang gawe badhan mu
Dudu lembu lan mahesa sing cacahe sewu
Lan manggon ana ing kandangmu
Nanging sugih pangapura
Lan sugih ilmu sing manggon ana atimu
Duh biyung . . .
Apa aku pantes nduweni cah ayu iku
Apa aku isa menehi katentraman kang suci
Senajan aku iki bocah angon wedhus
Bocah kang adoh saka kilatane endahing donya
Tapi sliramu dhik, sliramu sing ngongkon aku
Supaya aku isa sotya ana ing atimu
Lan sliramu menehi semangat marang aku
Semangat babagan tresnaku marang sliramu
Mung sliramu sing ana ing atiku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar