Senin, 29 September 2014

Geguritan Basa Jawa

Budaya
( M. Rozzaqi )

Tung tak,, Tung dor,,
Sapa sing tau krungu swara iku
Swara kang adoh saka kuping
Mlayu ngetan ,, Mlayu ngulon,, Pada ilang parane

Tung tak,, Tung dor,,
Budhal ing ngendising mbok karepake
Mung sadela kowe mergawe
Tinabuh kendang wis ora ana sing nyandak

Jaranan,, Jaranan,,
Kowe iki warisan budaya
Tapi sapa,, sapa sing gelem nunggang jaranane
Sapa sing gelem nyandak kendangane

Opo iki sing jenenge jaman edan
Jaman sing pada lali karo budaya
Budaya kesenian, budaya tata krama
Opo iki sing mbok karepake

Iki mung salah sawijining budaya
Yen kowe kabeh wong jawa
Mula ya kudu pada ngerti
Ngerti budaya, ngerti tata krama
lan isa nglestareake budayane,,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar